Jumat, 13 Juni 2008


kayane inyong mung arep aweh ular-ular sing ora patia muthu, mung ngengingi kahanan jaman sing saya maju saya ilang tatanane.



nembe wingi aku nonton tetater wayang kloning lakone wahyu semar.

apik jane tata lampune gending pengiringe lan nayogone jane ya wis tek anggep pas, wong kelase amung kelas mahasiswa. sing senajana gelem dolanan tetater ning tetep mengko nek wis lulus yaaa ilang maning teatrikalismene. dadi wektu sing paling 6 tahunan apa patang tahunan umpamane kon kaya teater lingkar utawane dinasti kan yaa ora bakal bisa.


lakon wahyu semar sing didadar mau ketone koh ngrusak pakem, apa pancen kahanan sing seprana seprene wis jan rusak temenan nganti lakon wayang bae pakeme dirusak. padahal singg nggarap yaa mahasiswa song sing lewih duwur ilmune tumrape nyong.


dadi marakna inyong duwe pikiran angger nang mahasiswa bae pakem de rusak apa maning nang nggone masyarakat. lha terus nyong arep nonton teater sing ana pitutur sing nggenah nagendi maning?


apa kudu sepethil-sepethil golehe met ilmu nang babagan ke teateran?


sedulur banyumas pada wayang utawane kethoprak kue budayane awake dewek sing kudune diuri-uri, di tum aja nganti kenang penyakit sing marakna budhaya mau terus dadi rusak kaya rusake kayu depangan rayap


wahyu semar kui nyritaake rama bergawa, arjuna sasra bahu, karo dasamuka. ora usah dijlentrehna mundak sing tek maksud ora kena.


nah teater mau tek tonton nganti tancep kayon. seteruse ana diskusi sedela babagan teater mau.


terus aku takon karo sutradarane babagan nilai pesan sing ana nang njerone pementasan mau, lha jebul malah sutradarane dewek njawab.

"aku ora mentingna nilai sing penting hiburane" waduh.........


"nek kaya kie ta repot" ning kalimat kue ora tegel metu kan cangkemku.


terus nek ngrusak pakem?


sutradarane lha wong aku bae ora ngerti pakem?


whe lah dallah terus nulis crita wayang ning ora ngerti pakem, kepriwe enggane.........


bingungggggg.


janjane aku mung kudu ngomong nek pakeliran utawanae kethoprak kue jane panggung sing nggambarake lakone urip, kadang ora mung asal nggawe dadi pentas tapi kudu ngemu pitutur jer sing nonton pada nduweni pengerten anyar sak wise nonton wayang utawane kethoprak, yaa teater mbarang.


dudu kok keminter.



Tidak ada komentar: