Rabu, 13 Mei 2009

Hompimpah


HOMPIMPAH

Gobak sodor

Kanca-kanca ayo do dolanan
Betengan opo pet umpetan
Apa sudah mandah 
Opo dolanan gobak sodhor
Hompimpah..
Sing kalah kudu mbasang
Ojo curang iki mung dolanan
Gobak sodhor dadi pilihane
Sing kalah kudu mbasang
Sing menang kudu nyabrang
Iso liwat ora kecekel mesti menang
Sak regu ana wong telu
Sing main kudu rong regu
Sing menang nyabrang
Sing kalah mbasang
Nganti iso menang
Menange yenwis iso nyebrang
Bolak-balik nyabrang terus mbalik
Sing kalah njaga supaya ga iso nyebrang
Awas aja nganti metugaris 
Yen kecekel jroning garis
Sak regu kudu gantian mbasang
Ra usah curang iki mung dolanan
Menang kalah ora usah tukaran 
sing penting kabeh bungah 
gobak sodhor dolananku 
ngrukunake kanca-kancaku
kebak geguyu
keringete metu
awak sehat lemu-lemu
iki mau crito cilikanku
saiki wis ganti zaman dolanane rupo-rupo
ana perang ana bal-balan
dolanane nangumah ora kelingan kanca
ora gelem gantian
kudu menang
direwangi curang

hompimpah saya ilang