Rabu, 17 Juni 2009

eling inyong

ELING INYONG
Ana obor gede sing keton sekang kadohan
Ngliwati dawane sipat sing nggo ngukuri dawaning dawa
Urube obor gawe buntut rupa kukus ireng
Liyab-leyeb nang awang-awang
Obor mau rupa ngelmu sing dadi pepadhang
Teplak sempor jagad mahasiswa.

Elinga para kadhang banyumas pada
Awake dewek wong sing blaka suta
Udu merga awake dewek kue unthule landa
Apamaning kue warisan
Tapi pancen wis dadi dek watekke penginyongan
Ora bakal ngantem sekang mburi, kan pinggir bot bote
Nek wani jelas tek adepi kan ngarep.

Elinga nasibe ronggeng dukuh paruk
Nini kaki kartareja
Mboke bapake srinthil
Sarkum sing picek
Srinthil sing kepeksa dadi kutis edan
Apa elinga rasus
Tentara gagah
Sing wis nggagahi mrawani srinthil
Bot bote kutise ayu edan terus ditambakna dadi warase bocah dukuh paruk mau… ELINGA-ELING.

Ooo kadhang-kadhangku tek wejang wejangane leluhurmu
Tinggalane luhur wujud tetembangan

Bongan kang tan mrelokna
Mungguh ugering ngaurip
Uripe lan tri prakara
Wirya arta tri winasis
Kalamun kongsi sepi
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing sujalmo
Aji godhong jati aking
Temah papa papariman ngulandhara

Tuna temenan angger ora padha mentingna telung prekara lajere urip
Ya kuwe tangan sing trampil, duwe duit, karo pikiran sing pinter. Angger telu telune detinggal, murah temenan regane manungsa. Esih larang klaras jati. Kedadiane padha mlarat, kayak kere sing gaweane klayaban.

Mula sedulur ayuh sinau sing pinter, dadia wong sugih ngelmu dunya brana. Amin
Didin Riswanto
(suwungnana@yahoo.co.id) 16 Sept 2008. KMB Serulingmas

Tidak ada komentar: